Mc Bahasa Jawa
Mc Bahasa Jawa
by @alwiysihab Asslaamu'alaikum warohmatulllahi wabarokaatuh..Alhamdulillaahirobbil 'alamin iyyahu nasta'inu fiddunya wadiin.. assholaatu wassalaamu 'ala asyrofil ambiyaai walmuirsaliin.. sayyidina wamaulana muhammadin.. wa'alaa aalihi washohbihi ajma'in.. amma ba'du falaa haulaa walaa quwwata illa billaahil 'aliyil adhim..
Janabal kuroma' wal fudhola' poro alim dalah poro masyayikh ingkang tansah kawulo ta'dhimi
dumateng poro sepuh pinisepuh lingkungan mriki ingkang kawulo hurmati
wabil khusus dumateng shohibul bait bapak .... ingkang kawulo hurmati
mboten kasupen dumateng rencang2 majelis sholawat .... la'alakum turhamun
Awwalan sumonggo kito lahiraken sedoyo raos puji syukur kito wonten ngarso dalem Allah SWT. ingkang sampun paring rohmat, hidayah soho inayah ipun sehinggo kito saget makempal wonten meniko majelis kanthi kawontenan sehat wal 'afiyat biqoulina alhamdulillahirobbil 'alamiin
Tsaniyan sholaatan, wa salaaman daimaini mutalazimaini, tansah kahaturaken dumateng junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad SAW. alladzi turja syafaatuhu min hadzihi sa'ah ila yaumil qiyamah biqoilina allahumma sholli 'ala sayyidina Muhammad wa'alan aali sayyidina muhammad
Hadhirin yarhamkumullaah.. Wonten meniko majelis kawulo minangkani wakilipun shohibul bait ngaturaken ahlan wasahlan bihudhurikum dumateng panjenengan sedoyo matursuwun sanget atas rawuhipun penjenengan sedoyo lan mbokbilih anggenipun shohibul bait caos papan pinarakan soho lintu2nipun kirang makenani menggah manah panjengan kulo ingkang kajibah nyuwun pangapunten dumateng panjenengan sedoyo.
Hadhirin yarhamkumullaah.. perlu kaweningan bilih shohibul bait ngaturi pinarak kulo panjenengan sedoyo anggadahi hajat inggih punika ..... mugi2 barokah rawuh kulo panjenengan sedoyo punapa ingkang dados hajatipun bapak .... saget kinakbul lan angsal ridho Allah SWT.
Hadhirin yarhamkumullaah.. Kawulo ing mriki minangka pranoto adicoro badhe maos aken adicoro ingkang kalampah ing wekdal dalu puniko...
adicoro ingkang sepindah pembikaan
adicoro ingkang kaping kalih maulid soho sholawat
lan acara ing wekdal dalu puniko badhe katutup kathi doa minangka adocoro ingkang kaping ketigo
Sarene wekdal sawatawis dalu, sumonggo acara wonten wekdal dalu puniko kito awiti kanti waosan ummul qur'an punopo ingkang dados niat hajat kulo panjenengan sedoyo khususipun shohibul bait dipun ijabahi dining gusti Allah.. 'Ala Hadhihin niyah As-sholihah wa'ala ma nawa salafussholih Alfatihah..
Kalajengaken adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan maulid soho sholawat, dumateng rencang2 majelis sholawat ..... kawulo sumanggaaken..
poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dumugi adicoro ingkang terakhir inggih puniko doa... kasuwun dumateng bapak ..... kawulo sumanggaaken...
Alhamdulillaahi robbil 'alamin adicoro ing wekdal dalu puniko sampun paripurno. mugi2 estu2 saget beto manfaat dumateng kulo panjenengan sedoyo khususipun dumateng shohibul bait.
ing mriki kawulo minongko wakilipun rencang2 sholawat .... mbokmenawi anggen showan dalem mriki anggadadahi tindak lampah soho tutur kata ingkang kirang anujuprono menggah penggalih shohibul bait kawulo sakrencang nyuwun pangapunten sak agung2ipun.
kawulo minangkani pranoto adicoro mbokmenawi wonten tutur kata ingkang kirang angresepaken menggah penggalih panjenengan sedoyo nyuwun agunging syeh samudro pangaksami dumateng panjenengan sedoyo.
Akhiru qouli hadza, wal 'afwu mingkum tsummassalamu'alaikum warohmatullohi wabarokaatuh...